Minggu, 21 Desember 2014

MAKALAH MANTU



BAB I
PAMBUKA


A.    Wigatosing Rembag
Adat tradisi jawa samenika sampun kalestarekaken dhateng masyarakat, salah satunggaling inggih menika upacara adat mantu. Para tiyang sepuh ingkang nggadhahi putra-putri kang sampun siap ameh-amehan kedah mangertosi lan migunakake rerakaning cak-cakaning tatacara adat ingkang sampun kasusun dening budaya.
Mila saking menika, ing makalah punika kita badhe jlentrehaken menapa kemawon ingkang kedhah dimangertosi wonten ing upacara adat mantu punika.

B.     Kakajen Ingkang Dipun Rembag
1.      Punapa tegesipun upacara adat mantu punika?
2.      Punapa kemawon rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu?
3.      Punapa kemawon cak-cakaning tata cara wonten ing adat mantu menika?


C.     Manfaat Panulisan
1.      Mangertosi tegesipun upacara adat mantu
2.      Mangertosi rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu.
3.      Mangertosi cak-cakaning tatacara wonten ing adat mantu.
















BAB II
WOSING PIREMBAGAN


A.    Upacara Adat Mantu
Mantu dipuntegesi kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang sampun diwasa. Dipunarani ngemah-emahaken amargi nyawijekaken putrinipun (prawan) kaliyan jejaka, lajeng manggen wonten ing satunggaling panggenan/tunggal griya lan gesang sesarengan ing madyaning bebrayan. Manunggaling prawan lan jejaka wonten ing bebrayan saged mawohaken kabagyan, kamulyan lan putra ingkang bakal nerusaken keturunanipun.
Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata cara, inggih menika  :
Lamaran
Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan ing dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni kulawarga lan sanak   sedherek.

Paningset lan lambang kalpika   (tukar  cincin)
Menawi lamaran sampun dipuntampi, lajeng calon besan nemtokaken wekdal kangge tata upacara paningsetan kanthi lambang kalpika, limrahipun ugi dipunkantheni piranti sanesipun kados dene arta, ageman, mas-masan, jajanan (jadah, wajik, jenang, roti), woh-wohan, urip-urip (ayam, bebek, banyak, lsp). Sedaya wau minangka lambang lan wujud tanggel jawab ingkang bakal dipuntindakaken calon penganten kakung dhumateng calon garwane lan kulawarganipun, kedah nyekapi sandhang pangan lan ubarampe kangge penguripanipun. Sasampunipun tata upacara lamaran lajeng dipuntindakaken  tata cara upacara mantu.

Srah-srahan
Inggih punika nyaosaken saprangkat jangkepan sarana kangge nglancaraken kaleksananipun kajat ngantos dumugi purna.
Pasang tarub
Tarub kerata basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi badhe nampi tamu limrahipun nata panggenan supados katinggal becik, dipunparingi rerenggan supados endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning (janur    = sejane nur / cahya).

Buwangan
Ingkang dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta lan pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten alangan.

Kembar Mayang
Saking tembung kembar tegesipun sami, kaliyan mayang tegesipun sekar jambe utawi Kalpataru Dewandaru, lambang karemenan lan sugeng. Wondene kawiwahan sampun cekap, kembar mayang dilabuh wonten ing  prapatan mergi, samudra, lan sapanunggalanipun kagem maksud supados pengantin ugi eling kaliyan asal-usul gesangipun inggih punika saking Bapak kaliyan Ibu dumados perantaranipun Gusti Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Barang-barang kagem kembar mayang inggih punika:
a.       Wit gedhang  2-3, kangge paesan. Kados biasanipun dipun paringi slemek saking tabung ingkang kadamel saking kuningan.
b.      Empring aur kangge penusuk (sujen)
c.       Janur kuning,  ± 4 lir
d.      Gegodhongan: godhong kemuning, ringin, sarta rencek-rencekipun, godhong apa-apa, godhong girang kaliyan godhong andhong.
e.       Nanas 2, pilih ingkang sampun mateng kaliyan sami agengipun.
f.       Sekar melati kaliyan mawar merah pethak.
g.      Degan 2 dipun oncek kulitipun lan toyanipun sampun ngantos wutah. Ngandhapipun kadamel rata supados mbok bilih diselehaken mboten ngglindhing kaliyan toyanipun wutah.

Pasang tuwuhan
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub, wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang, ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning kulawarga.

Siraman
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah), maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing penganten.
Ubarampe ingkang kedah disiapaken awujudipun toya sekar setaman, inggih punika toya ingkang kapendhet saking 7 sumber toya mata air ingkang disukani sekar setaman inggih menika mawar, melati kaliyan kenanga.
Ingkang gadhahi tahap punika :
§  Calon pengantin nyuwun donga pangestunipun kaliyan kekalih tiyang sepuh.
§  Calon mantunipun lenggah ing tikar pandan papan siraman.
§  Calon penganten disiram kaliyan pini sepuhipun, tiyang sepuhipun, lsp.
§  Disiram ngangge toya kendhi kaliyan bapak ibunipun kaliyan dicuraken ing rai, sirah lan awakipun calon penganten. Menawi toya kendhinipun telas, kendhinipun lajeng dipecah kaluyan ngunjukakeniat ingsun ora mecah kendhi, nanging mecah pamore anakku wadon.

Adol dhawet
Upacara menika kalaksanakaken saksampunipun siraman. Penyadenipun inggih punika ibu calon penganten putri ingkang dipunpayungi kaliyan bapakipun. Ingkang mundhut inggih punika para tamu kanthi arta pecahan kreweng . Upacara punika ngandhut pangajab supados mangke wektu upacara panggih lan walimahan, kathah tamu lan rezeki ingkang dhateng.

Midodareni
Midodareni inggih menika ndalu sakderengipun akad nikah, inggih menika ndalu nguwalaken masa lajang kagem  kekalih calon penganten.
Adicara punika kalaksanakaken wonten ing griyanipun calon penganten putri. Saklebetipun adicara punika wonten adicara nyantrik kangge mestekaken calon penganten kakung saged rawuh wonten ing akad nikah lan kangge bukti bilih kaluwarga calon penganten putri sampun siap nglaksanakaken  upacara wonten ing dinten saklajengipun. Midodareni saking tembung  widodareni  saklajengipun dados midodareni ingkang tegesipun ndamel kahananipun calon penganten putri kados dene widodari. Wonten ing donya pewayangan kaayunipun lan kabagusanipun calon penganten kaibarataken kayadene Dewi Kumaratih lan Dewa Kumajaya.
Ijab qobul
Kadadosan penting wonten hajatan mantu inggih punika ijab qobul. Kekalih calon penganten  ngucapaken sumpah wonten ing ngajengipun naib ingkang dipunsaksekaken wali, pinisepuh lan tiyang sepuh kekalih kaliyan para tamu undangan. Wektu akad nikah, ibu saking kekalih, mboten ngagem subang utawi giwang supados wujudaken keprihatinan kadadosan nikahaken utawi ngentasaken putra.

Upacara panggih
Wondene reroncening adicara upacara panggih inggih punika;
a.    Liron kembang mayang
Kekalih calon penganten tukar kembang mayang, gadahi teges manunggalaken cipta,rasa, lan karsa kangge sareng-sareng mujudaken kabahgyan kaliyan kawilujengan.
b.    Gantal
godhong suruh dipungulung alit dipuntaleni bolah putih ingkang dipununcalaken kaliyan piyambak-piyambak penganten, kanthi pangajab mugi sadaya godha bakal musna keno uncalan punika.
c.    Ngidak endhog
Penganten kakung ngidak endhog pitik ngantos pecah kagem simbol seksual kekalih penganten sampun pecah pamoripun.  
d.   Sukunipun temanten kakung dipun wijiki dening temanten putri
Wijik ginakaken toya sekar setaman gadhahi amakna supados winih ingkang dipun kasilaken resik saking tindakipun ingkang reged.
e.    Ngunjuk toya degan
Toya menika dipun anggep kangge lambang toya gesang, toya ingkang suci lan toya nai (manikem)


f.     Dipun kepyok ginakaken sekar warna warni
Ngandhut angen-angen supados keluwarga ingkang dipun bina saged raos suka lair  lan batinipun.
g.    Mlebet ing pasangan
Maknanipun pinanganten ingkang sampun dados pasangan gesangipun kedah siap makarya nindakake kuwajibanipun.
h.    Sindur
Sindur utawi isin mundur, tegesipun boten cepet gela ngadepi tantangan  pagesangan.
i.      Timbangan
Bapa saking temanten putri lenggah wonten ing antaranipun pasangan temanten kakung, suku ingkang kiwa dipun lenggahi temanten putri.  Isinipun pacelaton singkat antarane bapa lan ibu temanten putri  inggih punika temanten sampun imbang.
j.      Kacar-kucur
Temanten kakung ngucuraken asilipun dhumateng temanten putri ingkang awujud arta receh lan kelengkapanipun. Ngandhut artos temanten badhe tanggung jawab nyaosi nafkah dhateng keluwarganipun.

k.    Dulangan
Temanten kakung lan temanten putri pada dedulangan . wonten maknanipun tutur adilinuwih dipun lambanganken ngangge sanga tumpeng.




Sungkeman
Sungkeman ungkapan bektos dhumateng tiyang sepuh, lan nyuwun donga pangestu. Caranipun jongkok, nyepeng dengkulipun tiyang sepuh temanten putri, dipun wiwiti saking temanten putri dipun dherekaken temanten kakung, lajeng dhumateng tiyang sepuhipun temanten kakung.

Boyongan
Inggih menika pihak keluwarga temanten kakung mboyong temanten putri dhateng dalemipun temanten kakung saksampunipun pahargyan pawiwahan, biasanipun saksampunipun sapeken (5 dinten).

B.    Tata Cara Adat Mantu
1.      Pambyawara Murwakanthi Lampahing Tatacara
2.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori
3.      Micara dhodhog kori
4.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori saking pihak
5.      Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging Kori
6.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pasrah lamaran saking pihak calon penganten kakung.
7.      Micara Atur Pasrah Lamaran
8.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur panampi lamaran saking pihak calon panganten putri
9.      Micara Nampi Pasrah Lamaran
10.  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur masrahaken calon panganten kakung.
11.  Micara Masrahaken Panganten Kakung
12.  Pranatacara paring wekdal ingkang atur nampi pasrah saking calon panganten kakung.
13.  Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
14.  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pambageharja
15.  Micara Panbageharja
16.  Pranatacara paring wekdal siswa ingkang badhe atur ular-ular utawi wursita wara
17.  Micara Atur Wursitawara
18.  Panatacara mungkasin adicara gladhen
BAB III
PANUTUP

A.    Dudutan
1.      Mantu inggih menika kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang sampun diwasa.
2.      Rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu inggih menika:
§   Lamaran
§   Paningset / lambang kaplika / tukar cincin
3.      Cak-cakaning tatacara wonten ing adat mantu, inggih menika :
§  Pambyawara Murwakanthi Lampahing Tatacara
§  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori
§  Micara dhodhog kori
§  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori saking pihak estri
§  Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging Kori
§  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pasrah lamaran saking pihak calon penganten kakung.
§  Micara Atur Pasrah Lamaran
§  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur panampi lamaran saking pihak calon panganten putri
§  Micara Nampi Pasrah Lamaran
§  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur masrahaken calon panganten kakung.
§  Micara Masrahaken Panganten Kakung
§  Pranatacara paring wekdal ingkang atur nampi pasrah saking calon panganten kakung.
§  Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
§  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pambageharja
§  Micara Panbageharja
§  Pranatacara paring wekdal siswa ingkang badhe atur ular-ular utawi wursita wara
§  Micara Atur Wursitawara
§  Panatacara mungkasin adicara gladhen

B.     Piweling
Kangge generasi mudha supados saged mangerteni lan nglestarekaken adat tradisi jawa, utamanipun adat upacara tatacara mantu ing masyarakat. Samenika nggadhahi manfaat sanget kagem para tiyang sepuh ingkang badhe gadhah damel kangge putra-putrinipun.

2 komentar:

  1. Matur nuwun sanget uwis bagikke makalah mriki, mugi - mugi sampeyan diberkahi Allah nek Islam atau beruntung nek mboten.

    BalasHapus