Minggu, 21 Desember 2014

PAWARTOS BAHASA JAWA




KAPAL PATROLI NJEBLUG


Kapal patroli duweke kantor Bea Cukai Belawan, Medan kanthi nomer lambung BC-15001 njeblug ing pesisir Labu, Deli Serdang, Jumat 18 Januari 2013 bengi. 7 saka 9 petugas sing lagi ngayahi jejibahan patroli tiwas padha sakala.

Sawantara jam candhake, nalika salah sijine anak buah kapal nedya nguripke genset kanggo mbacutake patroli, ujug – ujug kapal kasebut njeblug banjur kerem menyang dhasaring segara. Direktur Jenderal Bea Cukai, Agung Kuswandono masthekake, njebluge kapal patroli mau murni amarga kacilakan wektu gensete arep diuripke. Agung nambahake, para petugas sing dadi korban kuwi pinuju nindhakake patroli rutin kanggo ngawekani penyelundupan barang liwat jalur segara.
















Proyek Rel Ganda Nemahi Perkawis Gantos Rugi Tanah
            
Tim pembebasan tanah proyek rel ganda Kabupaten Kendal, Jawa Tengah, nemahi perkawis. Ingkang dados sebab, wonten warga ingkang nyuwun gantos rugi tanah kanthi regi inggil, inggih punika ngantos 10 juta per meter. Mila ngantos sakniki, pembebasan tanah ing Kendal nembe kalaksanan 50%.

Miturut pangandikanipun Kepala Bagian Tata Pemerintahan Kabupaten Kendal, Agung Budi Cahyono, tanah ingkang sampun dibebasaken namung 45 hektar. Kamangka, tanah ingkang dipunbetahaken kangge proyek rel ganda kirang luwih 98 hektar.

Tanah ingkang taksih dados perkawis inggih punika wonten ing Weleri kaliyan Kaliwungu. Ing Weleri,wonten tigang tiyang ingkang nyuwun tanahipun dipun pundhut kanthi regi 6 juta per meter. Sawetawis, warga Desa Krajan Kulon, Kaliwungu, nyuwun Pemkab mundhut tanahipun kanthi regi 10 juta per meter. 

Miturut kateranganipun Agung tanggal 8 Januari 2013, regi ingkang dipun suwun warga punika inggil sanget. Sebab, regi ingkang dipun temtuaken dening tim saking 800.000 ngantos 2 juta per meter. Punika namung regi tanah, dereng kalebet regi bangunan.

Agung nambahaken, ing pungkasan Maret 2013, perkawis pembebasan tanah kangge proyek rel ganda dipunkarepaken sampun rampung. Wonten Kendal, paling mboten wonten 25 desa ingkang badhe dipundamel proyek rel ganda. Tanah ing 15 desa sampun bebas. Nanging, tanah ing 10 desa sanesipun taksih dipunrembag. Menawi tetep mboten nemahi kesepakatan gantos rugi, tim badhe nglebetaken perkawis punika dhateng pengadilan, supados enggal-enggal dipungelar sidang konsinyasi.

 




UPACARA KADANG TANI ING TANAH JAWI
Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan.




Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.
Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.

Jumat, 11 Februari 2011

Kiai se-Jawa Madura Nyuwun Pembubaran Ahmadiyah

PASURUAN - Halaqah Majelis Silahturrahmi Pengasuh Pondok Pesantren Indonesia (MSP3I) se-Jawa lan Madura nyuwun dateng pamarentah supados enggal mbubaraken Jemaat Ahmadiyah.

Majelis alim ulama ugi ndawuhaken supados ngendek sedoyo mawon kegiatan lan penyebaran kegiatan Ahmadiyah.

"kangge nyegah kedadosan kekerasan lan njagi keamanan negari, majelis silahturrahmi kyai nyuwun dateng pemerintah mbubaraken Ahmadiyah .pangandikanipun , KH Fachurrozi, Ketua MSP3I Jatim ingkang ugi pengasuh Ponpes An Nur, Bululawang Malang, Jumat (11/2/2011).

Halaqah alim ulama di Ponpes Sidogiri, Kraton Kabupaten Pasuruan, kolo wingi, ugi nyuwun dateng pemerintah supados SKB TigoMenteri No 3 tahun 2008 dados Undang-undang pelarangan ajaran Ahmadiyah. dateng masyarakat, dipun imbau supados mboten gampil dipun provokasi kawontenan puniko terutami masalah sara.

Halaqah poro sesepuh Ponpes niki dipun dugeni 130 ulama lan kyai khos. antawisipun KH Abdullah Faqih (Langitan Tuban), KH Achmad Subadar (Pasuruan/Rais Syuriah PBNU), KH Nawawi Abdul Djalil (Sidogiri, Pasuruan), KH Miftahul Ahyar (Rais Syuriah PWNU Jatim), KH Abdussomad Bukhari (Ketua MUI Jatim), KH Pangadilan Daulay (MSP3I Jakarta), KH Fuad Nurhasan, KH Bachruddin Thayyib (Pasuruan), KH Fachri Abdullah Sachal (Bangkalan).

Serat rekomedasi poro alim ulama niku wau ajeng dipun kintun dumateng Presiden lan DPR/MPR. Poro ulama ugi gadah pangarep-arep supados pamarentah enggal kemawon mbubaraken jemaat ahmadiyah ingkng sampun nyesataken puniko.Ketua MUI Jatim, KH Abdussomad Bukhari ugi mratelaaken , intinipun masalah kolo wau inggih saking ajaran ahmadiyah ingkang sesat lan mboten dipun larang kalian pemerintah.

Welasan Hektar Laladan Pasabinan  Kembengan Toya

Kamis, 03 January 2013 | 20:10 WIB

Bantul, www.jogjatv.tv - Jawah deres sedalu natas ing Kabupaten Bantul boten namung nuwuhaken bebaya siti jugrug. Welasan  hektar laladan pasabinan ing sungapaning lepen  opak wewengkon  Kecamatan Kretek Bantul, pranyata  ugi kembengan toya jalaran bena.  Wonten pandugi jalaran kembengan toya, laladan pasabinan ing wewengkon aksebat badhe nehami gagal panen.  
Makaten punika kawontenanipun laladan pasabinan ing padukuhan baros, Kelurahan Tirtohargo, Kecamatan Kretek, Bantul ingkang celak kaliyan sungapaning lepen opak. Jawah deres wiwit dinten Rebo sonten dumugi dinten Kemis enjing dayani toya  lepen opak bludag, satemah ngembengi welasan hektar  pasabinan ingkang dipun tanemi pantun punapadane  palawija kadosta   terong, kacang prol lan  gambas. 
Sawenehing kadang tani ingkang sabinipun kembengan toya jalaran bena ing lepen opak, jayadi, namung saged pasrah dhateng kawontenan. Sinaosa sabinipun asring kablabak bena, ananging bena samangke kawawas ingkang ageng piyambak jalaran lebetipun toya gayuh sadhengkul, lan boten tumuli asat.  Manawi ngantos benjing toya dereng asat, tartamtu badhe kathah kadang tani nemahi gagal panen. 
Pangajabipun kadang tani supados jawah deres sakalangkung dangu boten dumados malih ing sakiwa tengening lepen opak lan toya, satemah bena tumuli surut, lan kadang tani boten nandhang kapituanan ingkang sakalangkung kathah.





Kiai se-Jawa Madura Nyuwun Pembubaran Ahmadiyah


PASURUAN - Halaqah Majelis Silahturrahmi Pengasuh Pondok Pesantren Indonesia (MSP3I) se-Jawa lan Madura nyuwun dateng pamarentah supados enggal mbubaraken Jemaat Ahmadiyah.
Majelis alim ulama ugi ndawuhaken supados ngendek sedoyo mawon kegiatan lan penyebaran kegiatan Ahmadiyah.
"kangge nyegah kedadosan kekerasan lan njagi keamanan negari, majelis silahturrahmi kyai nyuwun dateng pemerintah mbubaraken Ahmadiyah .pangandikanipun , KH Fachurrozi, Ketua MSP3I Jatim ingkang ugi pengasuh Ponpes An Nur, Bululawang Malang, Jumat (11/2/2011).
Halaqah alim ulama di Ponpes Sidogiri, Kraton Kabupaten Pasuruan, kolo wingi, ugi nyuwun dateng pemerintah supados SKB TigoMenteri No 3 tahun 2008 dados Undang-undang pelarangan ajaran Ahmadiyah. dateng masyarakat, dipun imbau supados mboten gampil dipun provokasi kawontenan puniko terutami masalah sara.
Halaqah poro sesepuh Ponpes niki dipun dugeni 130 ulama lan kyai khos. antawisipun KH Abdullah Faqih (Langitan Tuban), KH Achmad Subadar (Pasuruan/Rais Syuriah PBNU), KH Nawawi Abdul Djalil (Sidogiri, Pasuruan), KH Miftahul Ahyar (Rais Syuriah PWNU Jatim), KH Abdussomad Bukhari (Ketua MUI Jatim), KH Pangadilan Daulay (MSP3I Jakarta), KH Fuad Nurhasan, KH Bachruddin Thayyib (Pasuruan), KH Fachri Abdullah Sachal (Bangkalan).
Serat rekomedasi poro alim ulama niku wau ajeng dipun kintun dumateng Presiden lan DPR/MPR. Poro ulama ugi gadah pangarep-arep supados pamarentah enggal kemawon mbubaraken jemaat ahmadiyah ingkng sampun nyesataken puniko.Ketua MUI Jatim, KH Abdussomad Bukhari ugi mratelaaken , intinipun masalah kolo wau inggih saking ajaran ahmadiyah ingkang sesat lan mboten dipun larang kalian pemerintah.








ALAS RUSAK
GAJAH-GAJAH PADHA NGAMUK

     Desa cacah 9 ing wewengkon kabupaten Organ komering ulu (OKU) selatan, Sumatra Selatan dilapurake diserang gerombolan gajah, Selasa (2/11). Gajah-gajah mau ora mung ngrusak pategalan duweke warga wae nanging uga mlebu desa lan mgobrak-ngabrik omahe pendhudhuk ing Desa Serupumpum, Sipin, Tanjung Sembilan, Danau Kuning Lan Buai Pamanan
     Miturut pejabat sementara Bupati OKU Selatan, Ruli Rawi, Gajah-gajah mau wis wani nyerang manungsa lan nyebabke wong siji tiwas kepidak. Ruli ngaku pihake sarwa salah anggone nangani perkara gajah kuwi,arep dibedhili wedi nerak aturan amarga gajah kalebu kewan kang diayomi dening pemerintah. nanging yen ora dipateni grombolan gajah kasebut wis mbebayani tumrap warga padesan. kang bisa dilakoni dening rawi mung aweh pengumuman marang masyarakat supaya waspada marang pangamuke gajah-gajah mau.

      Rawi nduga pangamuke gajah gajah mau disebabake enteke pasedhiyan mangan lan ngombe merga alas alas kang sasuwene iki minangka habitate kewan kesebut wis rusak bosah baseh dening tumindake menungsa. miturut Dinas Kehutanan Simatra Selatan, saka total ambane alas 3,7 hektar, 60 % ing antarane jroning kahanan rusak amarga panembangan liar. kajaba kuwi alas produksi kang ambane 1,2 hektar saka total 2,4 hektar uga jroning kahanan gundhul

       Ing taun 80-an uga tau kadedean ana grombolabne gajah kang nyerbu perkampungan warga. nanging nalika iku gajah mau bisa digiring menyang Taman Nasional Way Kambas Lampung kanthi nggunakake helicopter duweke kodam Sriwijaya. Miturut Rawi bisa wae cara kang kaya ngono dibaleni meneh, nanging mbutuhake ragad kang gedhe








Tigo kendaraan klebu ing nabrakanipun,
setunggal seda ing rumah gerah


Tigo kendaraan klebu ing nabrakanipun ing dalan pantura pati – kudus km 6. Kecelakaan sing kedadenan ing dalan lalu lintas seko desa sukkulon kecamatan margerejo. Minggu esuk, 6 januari 2012, sekitar jam 9.

Kendaraan sing klebu mobil toyota rush AB 1602 PH, truk gandeng B 9671 ER dan sepeda montor honda vario

Ing peristiwa, Musadat (46 tahun) lan Peni Siswanti (39 tahun), piyambak-piyambak supir lan penumpang Toyota Rush warga Imogiri, Bantul Yogyakarta, lan pengendara sepeda montor vario sing durung . ketilonipun dirawat ing KSH Pati.

Seiring wektu Peni Siswanti akhirnya seda.  Menurut keterangan ing lokasi kedadenan, kedadenan awalnipun mobil Toyota Rush sing lepas kendali setelah berhenti di pinggir jalan. Meski sempat menghindar, truk gandeng sing mlaju dari arah berlawanan bertabrakan dengan toyota Rush.

Sepeda montor vario ing mburi truk gandeng, gagal endo lan menabrak bagian kiwa truk. Amargi tabrakan menika, margi dados macet.







KASUS BANK CENTURY

Wis rong sasi luwih, masarakat Indonesia padha disuguhi tontonan sidhange para wakil rakyat ing DPR kang lagi nggunakake Hak Angket, ngrembug kasus Bank Century. Cekake, ana sing sarujuk, anggone pamarintah menehi dhuwit kang gunggunge 6,7 trilyun marang bank kasebut iku wis bener, kanthi alesan kanggo nyamletake donyaning perbankan lan ekonomi ing Indonesia. Nanging sebageyan anggota DPR ora sarujuk lan nganggep tumindake pamarintah ngglontorake dhuwit kang nole cacahe rolas mau, nyalahi aturan.
Gandheng padha-padha kepengin rebut bener, lan ora ana sing ngalah, akhire dianakake voting. Lire, sawise dianakake voting, kubu anggota DPR sing nganggep Bank Century iku “bermasalah”, kang disengkuyung dening Fraksi PDI-P, PKS, Golkar, Gerindra, Hanura, lan PPP, luwih unggul katimbang kubu musuhe sing disengkuyung dening Fraksi Demokrat, PKB, lan PAN. Mula DPR ing Sidang Paripurna njaluk supaya kasus Bank Century iku dirampungake ing tataran hukum. Sawise pehak DPR gawe dudutan, genti pamarintah, lumantar Presiden SBY menehi wangsulan. Dingandikakake SBY yen apa sing ditindakake pamarintah kanggo ngrampungake masalahe Bank Century wis bener, mula ora arep mecat pejabate sing nangani Bank Century biyen. Dene yen ana pehak-pehak liya sing manfaatake kisruhe Bank Century, kalebu “manajemen intern bank” kudu dirampungake lumantar hukum.
Sawise kedadeyan iku, apa ateges kasuse Bank Century banjur rampung? Kirane tangeh lamun. Mesthi kasus iku terus lumaku. Bisa uga tansaya rame. Sing cetha, ing babagan politik isih durung rampung. Parte-parte sing rumangsa nyengkuyung pamarintah wis ora kompak maneh. Saora-orane sing rumangsa partene ditlikung karo kancane dhewe mesthi wae ora trima, saora-orane gela. Mula akibate sateruse bisa kasimak ing pawarta-pawarta candhake. Apa pancen bener arep ana owah-owahan menteri ing kabinete SBY kaya sing kaduga dening para “pengamat politik”? Bisa bener lan bisa uga suwalike. Sing cetha, kanthi mencungule kasus Bank Century, gawe cingake masarakat. Lan sing nggawe gumune masarakat iku rak mesthine bab rasa jujur lan bener. Apa saiki iki isih ana panggedhe-panggedhe sing tumindak adhedhasar rasa jujur lan bener sing sejati? Apa ya mung sing kaujarake iku lelamisan thok? Embuh! Sing cetha sesuk sing nyathet mung sejarah.








MBLEDHOSE GUNUNG MERAPI TANSAYA NGGEGIRISI

Gunung Merapi kang dumunung ing tapel watesing DIY lan Jawa Tengah sida mbledhos ing dina Selasa, tanggal 26 Oktober 2010 ing antarane jam lima sore. Malah nganti tekan saiki, sawise rong minggu punjul, gunung kang klebu aktif dhewe mbledhose ing tlatah Indonesia kasebut isih terus mbledhos tanpa kendhat. Malah ana sing ngandhakake yen mbledhose gunung kasebut luwih gedhe tinimbang ing taun 1870 kapungkur. Wis satus yuta meter kubik luwih, lahar lan matrial liyane metu saka kawahe gunung Merapi. Lahar panas kang awujud awu panas utawa wedhus gembel sumebar ing sakiwa tengene pereng gunung Merapi. Tlatah-tlatah sacedhake Merapi, kayata Kabupaten Sleman (DIY), Kabupaten Boyolali, Kabupaten Klaten, lan Kabupaten Magelang (Jawa Tengah) padha mosak-masik keterak wedhus gembel. Saliyane iku, awu kang mabur kagawa angin uga sumebar ing dhaerah-dhaerah liya, yen ngulon nganti tekan Bandung (Jawa Barat), yen ngetan nganti tekan Sragen (Jawa Tengah), yen ngidul nganti tekan Segara Kidul, yen ngalor nganti tekan Semarang.
Ora mung kuwi, sawise mbledhos rong minggu kepungkur, lan nganti tekan saiki isih terus mbledhos, gunung Merapi uga gawe cilakane lan rugine warga masarakat, raja kaya, lan raja brana. Nganti tekan dina Slasa (9/11) ora kurang saka wong 145 cacahe tiwas keterak wedhus gembel. Malah salah sijine korban kasebut yaiku Mbah Maridjan, Juru Kunci Gunung Merapi saka abdi dalem Kraton Kasultanan Ngayogyakarta, rikala tanggal 26 Oktober 2010 kepungkur. Saliyane iku korban tatu abot lan entheng uga nganti atusan wong kang dirumat ing pirang-pirang rumah sakit, salah sijine RSU Dr. Sardjito Ngayogyakarta. Raja brana duweke para pendhudhuk ing patang kabupaten kasebut uga melu kekubur dening wedhus gembel, wiwit saka mobil, motor, omah, sawah, lan sapiturute. Semono uga raja kaya kang awujud sapi, kebo, wedhus, pitik, bebek, kewan oceh-ocehan, lan sapiturute melu kepanggang urip-uripan dening wedhus gembel. Atusan ewon pendhudhuk liyane saiki uga melu ngungsi kang adohe saora-orane 20 kilometer saka pucuking gunung Merapi. Warga perenging Merapi ing wektu saiki lagi padha nandhang kacintrakan kang abot banget. Kulawargane ana sing tiwas, omah saisine remuk lan kobong, kewan ingon-ingone kepanggang, lan isih kudu ngungsi kang durung ngerti nganti tekan kapan.
Mula ora mokal, pitulungan saka sadhengah papan enggal mlumpuk kanggo tetulung marang warga korban mbledhose gunung Merapi. Ora mung saka pamarentah thok, nanging uga saka warga masarakat liyane, instansi swasta, karyawan pabrik, bocah sekolah padha enggal-enggal menehi pitulungan kang awujud apa wae, wiwit saka tenaga, iguh pratikel, bandha donya (dhuwit apadene barang), lan liya-liyane kanggo ngentheng-ngenthengake para korban. Ewa semono, isih ana wong sing golek kalodhangan kanggo kepentingane dhewe, kayata maling raja kaya kanthi alesan dislametake, nyolongi sembako banjur didol ing penadhah, padha pasang umbul-umbul iklan prodhuk ing papan pangungsen, lan sapiturute. Kang mangkono iku klebu tumindak nistha, amarga nalika wong liya nandhang sedhih kok malah golek bathine dhewe. Mula wis wayahe padha cancut taliwanda bebarengan padha tetulung marang korban Merapi kang durung ngerti nganti tekan kapan rampunge, tinimbang padha udur ora ana gunane apa dene gawe isu (kabar ngayawara), kang tundone gawe rugine para pangungsi, kang racake rakyat cilik kang wis adoh saka kacukupan panguripane.

Umat Hindu Nindakaken Upacara Melasti

Gunungkidul,Dungkap Dinten Riyaya Nyepi, warsa enggal Saka 1935, tanggal 12 Maret benjing, atusan Umat Hindu saking wewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun nindakaken upacara Melasti, ing Pesisir Ngobaran, Gunungkidul. Ancasing upacara kangge sesuci dhiri utawi buwana alit, lan buwana agung utawi jagat raya.
Upacara Melasti kangge mahargya Dinten Riyaya Nyepi, tandha gumantosing warsa enggal Saka 1935, dipun tindakaken ing Pura Segara Wukir, Pesisir Ngobaran, Saptosari, Gunungkidul dinten Senen (25/2) siyang. Upacara Melasti dipun estreni dening atusan Umat Hindu sawewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun, kalebet Umat Hindu saking 15 pura ing Gunungkidul. Umat Hindu katingal tumemen nindakaken upacara dipun pandegani dening Pendheta Puja Bratha Jati. Miturut Ketua Persatuan Hindu Dharma Indonesia (PHDI) Gunungkidul, Purwanto, Upacara Melasti mengku werdi sesuci dhiri lan jagat raya, kangge manunggalaken trihitakarana, sarta minangka rerangkening upacara lan brata penyepian ingkang badhe dhateng. Kajawi punika, Melasti ugi mengku ancas kangge sesuci asil pertanian, kanthi nyawisaken sesaji utawi banten, pekuluh, tumpeng, sarta gunungan.
Upacara Melasti, dipun pungkasi kanthi nglarung sesaji dhateng seganten, kangge mbucal enem watak manungsa ingkang awon, kama utawi nafsu biologis, srakah, murka, mada, utawi wuru, bingung sarta drengki lan srei.












Umat Hindu Nindakaken Upacara Melasti


Gunungkidul,Dungkap Dinten Riyaya Nyepi, warsa enggal Saka 1935, tanggal 12 Maret benjing, atusan Umat Hindu saking wewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun nindakaken upacara Melasti, ing Pesisir Ngobaran, Gunungkidul. Ancasing upacara kangge sesuci dhiri utawi buwana alit, lan buwana agung utawi jagat raya.
Upacara Melasti kangge mahargya Dinten Riyaya Nyepi, tandha gumantosing warsa enggal Saka 1935, dipun tindakaken ing Pura Segara Wukir, Pesisir Ngobaran, Saptosari, Gunungkidul dinten Senen (25/2) siyang. Upacara Melasti dipun estreni dening atusan Umat Hindu sawewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun, kalebet Umat Hindu saking 15 pura ing Gunungkidul. Umat Hindu katingal tumemen nindakaken upacara dipun pandegani dening Pendheta Puja Bratha Jati. Miturut Ketua Persatuan Hindu Dharma Indonesia (PHDI) Gunungkidul, Purwanto, Upacara Melasti mengku werdi sesuci dhiri lan jagat raya, kangge manunggalaken trihitakarana, sarta minangka rerangkening upacara lan brata penyepian ingkang badhe dhateng. Kajawi punika, Melasti ugi mengku ancas kangge sesuci asil pertanian, kanthi nyawisaken sesaji utawi banten, pekuluh, tumpeng, sarta gunungan.
Upacara Melasti, dipun pungkasi kanthi nglarung sesaji dhateng seganten, kangge mbucal enem watak manungsa ingkang awon, kama utawi nafsu biologis, srakah, murka, mada, utawi wuru, bingung sarta drengki lan srei.



Perajin Tenun Stagen Betah Bantuwan Pemkab

Klaten, Kawontenan perajin tenun stagen lan selendang ing Dhusun Patoman, Kedungampel, Cawas, Klaten, mrihatosaken, jalaran ngantos samangke kirang dipun gatosaken dening pemerintah. Samangke nalika regi benang mindhak, para perajin namung saged pasrah dhateng kawontenan.
Bab punika ingkang dipun andharaken dening salah satunggaling perajin stagen lan selendang ing Dhusun Patoman, Santo Miharjo. Santo Miharjo nelakaken kekirangan pawitan, kamangka regi benang ugi awis. Sakawit regi benang Rp 5.000,00 samangke Rp 11.000,00 saben kilo. Kamangka regi stagen namung Rp 4.000,00 ngantos Rp 5.000,00. Benang sakilo saged kangge ndamel stagen cacah sekawan, satemah bebathen para perajin mepet.
Nyumerepi kawontenan kasebat, satunggaling sesepuh masyarakat dhusun, Tumirin rumaos prihatin dhateng sesanggan gesang para perajin stagen lan selendang ing wewengkonipun. Ngantos samangke, para perajin dereng nate pikantuk pembinaan punapadene bantuwan pawitan saking dinas ingkang kawogan. Pangajabipun, pemerintah sageda gatosaken para perajin, supados gesangipun saged murwad.
BANJIR BANDHANG

Ora kanyana babar blas, nalika pamarintah lagi repot ngadhepi pemilu legislatif 9 April 2009, ing tlatah Kabupaten Tangerang, Propinsi Banten ana kedadeyan banjir bandhang amarga dhadhale bendungan Situ Gintung. Dumadine ing dina Jemuwah tanggal 27 Maret 2009 ing wayah esuk, nalika wong-wong isih padha turu. Tembung situ iku saemper karo tembung wadhuk, kang sabanjure dibendung. Dene Gintung iku jeneng panggonan utawa desa. Wadhuk kang mapan ing desa Gintung iku banjur nemahi dhadal lan sabanjure ngelebi lan nerak omah-omah sing mapan ing sangisore bendungan. Wis bisa dipesthekake omah-omah dadi rusak bosah-baseh, ajur mumur kagawa banjir bandhang. Malah sing nemahi tiwas luwih saka 100 wong. Durung maneh sing padha ilang lan kelangan sedulur, kanca, omah, lan bandha liya-liyane.

Pawarta kang kaya mangkono mau mesthi wae enggal sumebar ing saindhenging donya, ora mung ing tlatah Indonesia thok. Akeh sing padha trenyuh sabanjure padha melu tetelung, menehi barang-barang awujud sandhang, pangan, tenaga, lan wujud liyane. Durung entek anggone melu prihatin ing kedadeyan kasebut, wis kasusul maneh musibah kang padha ing tlatah Kabupaten Tanah Datar, Sumatera Barat. Ing kana uga ana kedadeyan banjir bandhang lan lemah longsor. Penere ing dina Senen, tanggal 30 Maret 2009 kurang luwih jam setengah wolu esuk. Atusan omah rusak lan akeh bandhane warga sing katut kagawa banjir bandhang. Malah dikabarake uga ana sebageyan warga sing nemahi tiwas.

Musibah terus dumadi gonta-ganti saka papan siji lan sijine. Kaya-kayane ora ana entek-enteke. Apa pancen alame wis rusak tenan amarga dirusak dhewe dening manungsane? Yen pancen bener kang kaya mangkono, kudune manungsa kudu enggal eling marang tumindake, sing kerep-kerepe seneng nggawe rusak lan mung ngoyak senenge dhewe kanthi golek dhuwit saakeh-akehe. Bandha akeh mung cepet ilang nalika kena musibah.





BANJIR LAN LARANG PANGAN


Pirang-pirang dina iki, ing ngendi-endi papan keprungu pawarta banjir, ora mung kutha-kutha ing pulo Jawa, kayata Yogyakarta, Solo, Bandung, Jakarta, Surabaya, lan Semarang, nanging uga ing pulo-pulo liyane kaya dene kedadeyan banjir ing Kalimantan, Sumatra, Sulawesi, lan Papua. Kedadeyan mau kaya-kaya bareng. Bab kang kaya mangkono iku bisa dumadi, amarga ora mung sebab alase sing wis gundhul, nanging sejatine luwih akeh disebabake cuaca ekstrim. Cuaca ekstrim bisa dumadi saka pengaruhe “pemanasan global” kang dumadi sa-donya. Malah kedadeyan udan salju nggegirisi uga dumadi ing tlatah Benua Eropa, kang ndadekake akeh penerbangan batal. Semono uga Benua Australia sing sejatine mangsa ketiga, uga kena udan salju sing nggegilani.
Akeh udan uga bisa nyebabake tetanduran padha gagal panen. Saliyane kembange ora dadi woh, sebageyan tetanduran kayata pari uga keterak banjir, saengga panene gagal. Tetanduran sing akeh gagal panen kayata rambutan, duren, apa dene lombok. Malah, nganti pawarta iki katulis, rega lombok tansaya ndedel ora karu-karuwan. Sekilone –yen wingi isih kawartakake mung tekan 60 ewu rupiyah—saiki nganti punjul saka satus ewu sekilone, kanggo lombok jemprit abang. Dene lombok abang gedhe nganti sewidak ewu sekilone. Kamangka lombok mono klebu bumbu dhapur sing kudu ana kanggo mangsak. Yen nganti lombok regane larange ora mekakat, ateges nambahi sengsarane wong cilik anggone arep nyukupi kebutuhan pangane.
Durung maneh rega beras kang isih ndedel tansaya mundhak, nambahi masarakat cilik padha ora bisa tuku beras. Kamangka negara Indonesia kondhang kanthi jejuluk “gemah ripah loh jinawi, tata titi tentrem kerta raharja, kang sarwa tinandur bakal thukul”.

MAKALAH MANTU



BAB I
PAMBUKA


A.    Wigatosing Rembag
Adat tradisi jawa samenika sampun kalestarekaken dhateng masyarakat, salah satunggaling inggih menika upacara adat mantu. Para tiyang sepuh ingkang nggadhahi putra-putri kang sampun siap ameh-amehan kedah mangertosi lan migunakake rerakaning cak-cakaning tatacara adat ingkang sampun kasusun dening budaya.
Mila saking menika, ing makalah punika kita badhe jlentrehaken menapa kemawon ingkang kedhah dimangertosi wonten ing upacara adat mantu punika.

B.     Kakajen Ingkang Dipun Rembag
1.      Punapa tegesipun upacara adat mantu punika?
2.      Punapa kemawon rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu?
3.      Punapa kemawon cak-cakaning tata cara wonten ing adat mantu menika?


C.     Manfaat Panulisan
1.      Mangertosi tegesipun upacara adat mantu
2.      Mangertosi rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu.
3.      Mangertosi cak-cakaning tatacara wonten ing adat mantu.
















BAB II
WOSING PIREMBAGAN


A.    Upacara Adat Mantu
Mantu dipuntegesi kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang sampun diwasa. Dipunarani ngemah-emahaken amargi nyawijekaken putrinipun (prawan) kaliyan jejaka, lajeng manggen wonten ing satunggaling panggenan/tunggal griya lan gesang sesarengan ing madyaning bebrayan. Manunggaling prawan lan jejaka wonten ing bebrayan saged mawohaken kabagyan, kamulyan lan putra ingkang bakal nerusaken keturunanipun.
Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata cara, inggih menika  :
Lamaran
Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan ing dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni kulawarga lan sanak   sedherek.

Paningset lan lambang kalpika   (tukar  cincin)
Menawi lamaran sampun dipuntampi, lajeng calon besan nemtokaken wekdal kangge tata upacara paningsetan kanthi lambang kalpika, limrahipun ugi dipunkantheni piranti sanesipun kados dene arta, ageman, mas-masan, jajanan (jadah, wajik, jenang, roti), woh-wohan, urip-urip (ayam, bebek, banyak, lsp). Sedaya wau minangka lambang lan wujud tanggel jawab ingkang bakal dipuntindakaken calon penganten kakung dhumateng calon garwane lan kulawarganipun, kedah nyekapi sandhang pangan lan ubarampe kangge penguripanipun. Sasampunipun tata upacara lamaran lajeng dipuntindakaken  tata cara upacara mantu.

Srah-srahan
Inggih punika nyaosaken saprangkat jangkepan sarana kangge nglancaraken kaleksananipun kajat ngantos dumugi purna.
Pasang tarub
Tarub kerata basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi badhe nampi tamu limrahipun nata panggenan supados katinggal becik, dipunparingi rerenggan supados endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning (janur    = sejane nur / cahya).

Buwangan
Ingkang dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta lan pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten alangan.

Kembar Mayang
Saking tembung kembar tegesipun sami, kaliyan mayang tegesipun sekar jambe utawi Kalpataru Dewandaru, lambang karemenan lan sugeng. Wondene kawiwahan sampun cekap, kembar mayang dilabuh wonten ing  prapatan mergi, samudra, lan sapanunggalanipun kagem maksud supados pengantin ugi eling kaliyan asal-usul gesangipun inggih punika saking Bapak kaliyan Ibu dumados perantaranipun Gusti Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Barang-barang kagem kembar mayang inggih punika:
a.       Wit gedhang  2-3, kangge paesan. Kados biasanipun dipun paringi slemek saking tabung ingkang kadamel saking kuningan.
b.      Empring aur kangge penusuk (sujen)
c.       Janur kuning,  ± 4 lir
d.      Gegodhongan: godhong kemuning, ringin, sarta rencek-rencekipun, godhong apa-apa, godhong girang kaliyan godhong andhong.
e.       Nanas 2, pilih ingkang sampun mateng kaliyan sami agengipun.
f.       Sekar melati kaliyan mawar merah pethak.
g.      Degan 2 dipun oncek kulitipun lan toyanipun sampun ngantos wutah. Ngandhapipun kadamel rata supados mbok bilih diselehaken mboten ngglindhing kaliyan toyanipun wutah.

Pasang tuwuhan
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub, wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang, ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning kulawarga.

Siraman
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah), maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing penganten.
Ubarampe ingkang kedah disiapaken awujudipun toya sekar setaman, inggih punika toya ingkang kapendhet saking 7 sumber toya mata air ingkang disukani sekar setaman inggih menika mawar, melati kaliyan kenanga.
Ingkang gadhahi tahap punika :
§  Calon pengantin nyuwun donga pangestunipun kaliyan kekalih tiyang sepuh.
§  Calon mantunipun lenggah ing tikar pandan papan siraman.
§  Calon penganten disiram kaliyan pini sepuhipun, tiyang sepuhipun, lsp.
§  Disiram ngangge toya kendhi kaliyan bapak ibunipun kaliyan dicuraken ing rai, sirah lan awakipun calon penganten. Menawi toya kendhinipun telas, kendhinipun lajeng dipecah kaluyan ngunjukakeniat ingsun ora mecah kendhi, nanging mecah pamore anakku wadon.

Adol dhawet
Upacara menika kalaksanakaken saksampunipun siraman. Penyadenipun inggih punika ibu calon penganten putri ingkang dipunpayungi kaliyan bapakipun. Ingkang mundhut inggih punika para tamu kanthi arta pecahan kreweng . Upacara punika ngandhut pangajab supados mangke wektu upacara panggih lan walimahan, kathah tamu lan rezeki ingkang dhateng.

Midodareni
Midodareni inggih menika ndalu sakderengipun akad nikah, inggih menika ndalu nguwalaken masa lajang kagem  kekalih calon penganten.
Adicara punika kalaksanakaken wonten ing griyanipun calon penganten putri. Saklebetipun adicara punika wonten adicara nyantrik kangge mestekaken calon penganten kakung saged rawuh wonten ing akad nikah lan kangge bukti bilih kaluwarga calon penganten putri sampun siap nglaksanakaken  upacara wonten ing dinten saklajengipun. Midodareni saking tembung  widodareni  saklajengipun dados midodareni ingkang tegesipun ndamel kahananipun calon penganten putri kados dene widodari. Wonten ing donya pewayangan kaayunipun lan kabagusanipun calon penganten kaibarataken kayadene Dewi Kumaratih lan Dewa Kumajaya.
Ijab qobul
Kadadosan penting wonten hajatan mantu inggih punika ijab qobul. Kekalih calon penganten  ngucapaken sumpah wonten ing ngajengipun naib ingkang dipunsaksekaken wali, pinisepuh lan tiyang sepuh kekalih kaliyan para tamu undangan. Wektu akad nikah, ibu saking kekalih, mboten ngagem subang utawi giwang supados wujudaken keprihatinan kadadosan nikahaken utawi ngentasaken putra.

Upacara panggih
Wondene reroncening adicara upacara panggih inggih punika;
a.    Liron kembang mayang
Kekalih calon penganten tukar kembang mayang, gadahi teges manunggalaken cipta,rasa, lan karsa kangge sareng-sareng mujudaken kabahgyan kaliyan kawilujengan.
b.    Gantal
godhong suruh dipungulung alit dipuntaleni bolah putih ingkang dipununcalaken kaliyan piyambak-piyambak penganten, kanthi pangajab mugi sadaya godha bakal musna keno uncalan punika.
c.    Ngidak endhog
Penganten kakung ngidak endhog pitik ngantos pecah kagem simbol seksual kekalih penganten sampun pecah pamoripun.  
d.   Sukunipun temanten kakung dipun wijiki dening temanten putri
Wijik ginakaken toya sekar setaman gadhahi amakna supados winih ingkang dipun kasilaken resik saking tindakipun ingkang reged.
e.    Ngunjuk toya degan
Toya menika dipun anggep kangge lambang toya gesang, toya ingkang suci lan toya nai (manikem)


f.     Dipun kepyok ginakaken sekar warna warni
Ngandhut angen-angen supados keluwarga ingkang dipun bina saged raos suka lair  lan batinipun.
g.    Mlebet ing pasangan
Maknanipun pinanganten ingkang sampun dados pasangan gesangipun kedah siap makarya nindakake kuwajibanipun.
h.    Sindur
Sindur utawi isin mundur, tegesipun boten cepet gela ngadepi tantangan  pagesangan.
i.      Timbangan
Bapa saking temanten putri lenggah wonten ing antaranipun pasangan temanten kakung, suku ingkang kiwa dipun lenggahi temanten putri.  Isinipun pacelaton singkat antarane bapa lan ibu temanten putri  inggih punika temanten sampun imbang.
j.      Kacar-kucur
Temanten kakung ngucuraken asilipun dhumateng temanten putri ingkang awujud arta receh lan kelengkapanipun. Ngandhut artos temanten badhe tanggung jawab nyaosi nafkah dhateng keluwarganipun.

k.    Dulangan
Temanten kakung lan temanten putri pada dedulangan . wonten maknanipun tutur adilinuwih dipun lambanganken ngangge sanga tumpeng.




Sungkeman
Sungkeman ungkapan bektos dhumateng tiyang sepuh, lan nyuwun donga pangestu. Caranipun jongkok, nyepeng dengkulipun tiyang sepuh temanten putri, dipun wiwiti saking temanten putri dipun dherekaken temanten kakung, lajeng dhumateng tiyang sepuhipun temanten kakung.

Boyongan
Inggih menika pihak keluwarga temanten kakung mboyong temanten putri dhateng dalemipun temanten kakung saksampunipun pahargyan pawiwahan, biasanipun saksampunipun sapeken (5 dinten).

B.    Tata Cara Adat Mantu
1.      Pambyawara Murwakanthi Lampahing Tatacara
2.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori
3.      Micara dhodhog kori
4.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori saking pihak
5.      Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging Kori
6.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pasrah lamaran saking pihak calon penganten kakung.
7.      Micara Atur Pasrah Lamaran
8.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur panampi lamaran saking pihak calon panganten putri
9.      Micara Nampi Pasrah Lamaran
10.  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur masrahaken calon panganten kakung.
11.  Micara Masrahaken Panganten Kakung
12.  Pranatacara paring wekdal ingkang atur nampi pasrah saking calon panganten kakung.
13.  Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
14.  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pambageharja
15.  Micara Panbageharja
16.  Pranatacara paring wekdal siswa ingkang badhe atur ular-ular utawi wursita wara
17.  Micara Atur Wursitawara
18.  Panatacara mungkasin adicara gladhen
BAB III
PANUTUP

A.    Dudutan
1.      Mantu inggih menika kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang sampun diwasa.
2.      Rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu inggih menika:
§   Lamaran
§   Paningset / lambang kaplika / tukar cincin
3.      Cak-cakaning tatacara wonten ing adat mantu, inggih menika :
§  Pambyawara Murwakanthi Lampahing Tatacara
§  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori
§  Micara dhodhog kori
§  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori saking pihak estri
§  Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging Kori
§  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pasrah lamaran saking pihak calon penganten kakung.
§  Micara Atur Pasrah Lamaran
§  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur panampi lamaran saking pihak calon panganten putri
§  Micara Nampi Pasrah Lamaran
§  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur masrahaken calon panganten kakung.
§  Micara Masrahaken Panganten Kakung
§  Pranatacara paring wekdal ingkang atur nampi pasrah saking calon panganten kakung.
§  Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
§  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pambageharja
§  Micara Panbageharja
§  Pranatacara paring wekdal siswa ingkang badhe atur ular-ular utawi wursita wara
§  Micara Atur Wursitawara
§  Panatacara mungkasin adicara gladhen

B.     Piweling
Kangge generasi mudha supados saged mangerteni lan nglestarekaken adat tradisi jawa, utamanipun adat upacara tatacara mantu ing masyarakat. Samenika nggadhahi manfaat sanget kagem para tiyang sepuh ingkang badhe gadhah damel kangge putra-putrinipun.