KAPAL PATROLI NJEBLUG
Kapal
patroli duweke kantor Bea Cukai Belawan, Medan kanthi nomer lambung BC-15001
njeblug ing pesisir Labu, Deli Serdang, Jumat 18 Januari 2013 bengi. 7 saka 9
petugas sing lagi ngayahi jejibahan patroli tiwas padha sakala.
Sawantara jam candhake, nalika salah sijine anak buah kapal nedya nguripke genset kanggo mbacutake patroli, ujug – ujug kapal kasebut njeblug banjur kerem menyang dhasaring segara. Direktur Jenderal Bea Cukai, Agung Kuswandono masthekake, njebluge kapal patroli mau murni amarga kacilakan wektu gensete arep diuripke. Agung nambahake, para petugas sing dadi korban kuwi pinuju nindhakake patroli rutin kanggo ngawekani penyelundupan barang liwat jalur segara.
Proyek Rel Ganda Nemahi Perkawis Gantos Rugi Tanah
Tim
pembebasan tanah proyek rel ganda Kabupaten Kendal, Jawa Tengah, nemahi
perkawis. Ingkang dados sebab, wonten warga ingkang nyuwun gantos rugi tanah
kanthi regi inggil, inggih punika ngantos 10 juta per meter. Mila ngantos sakniki,
pembebasan tanah ing Kendal nembe kalaksanan 50%.
Miturut
pangandikanipun Kepala Bagian Tata Pemerintahan Kabupaten Kendal, Agung Budi
Cahyono, tanah ingkang sampun dibebasaken namung 45 hektar. Kamangka, tanah
ingkang dipunbetahaken kangge proyek rel ganda kirang luwih 98 hektar.
Tanah ingkang taksih dados perkawis inggih punika wonten ing Weleri kaliyan Kaliwungu. Ing Weleri,wonten tigang tiyang ingkang nyuwun tanahipun dipun pundhut kanthi regi 6 juta per meter. Sawetawis, warga Desa Krajan Kulon, Kaliwungu, nyuwun Pemkab mundhut tanahipun kanthi regi 10 juta per meter.
Miturut
kateranganipun Agung tanggal 8 Januari 2013, regi ingkang dipun suwun warga
punika inggil sanget. Sebab, regi ingkang dipun temtuaken dening tim saking
800.000 ngantos 2 juta per meter. Punika namung regi tanah, dereng kalebet regi
bangunan.
Agung nambahaken, ing pungkasan Maret 2013, perkawis pembebasan tanah kangge proyek rel ganda dipunkarepaken sampun rampung. Wonten Kendal, paling mboten wonten 25 desa ingkang badhe dipundamel proyek rel ganda. Tanah ing 15 desa sampun bebas. Nanging, tanah ing 10 desa sanesipun taksih dipunrembag. Menawi tetep mboten nemahi kesepakatan gantos rugi, tim badhe nglebetaken perkawis punika dhateng pengadilan, supados enggal-enggal dipungelar sidang konsinyasi.
UPACARA
KADANG TANI ING TANAH JAWI
Kadang Tani mliginipun ing tanah
Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri
Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang
Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama
lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang
mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi
Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani
upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet
winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah,
Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing
Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin
dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning
sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan
dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang
dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng
laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan
ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun
ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi
menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran
kerajinan.
Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun
1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing
sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara
mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA
menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat
mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka
sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah satunggaling warga masyarakat
Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios
ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi
saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga
panggesanganipun saya mindhak.
Para warga ing sakiwatengening TPA
sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika wonten pangaosipun. Sasampunipun
kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para
warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya
saé.
Jumat, 11 Februari 2011
Kiai se-Jawa Madura Nyuwun Pembubaran Ahmadiyah
PASURUAN - Halaqah Majelis Silahturrahmi Pengasuh Pondok
Pesantren Indonesia (MSP3I) se-Jawa lan Madura nyuwun dateng pamarentah supados
enggal mbubaraken Jemaat Ahmadiyah.
Majelis alim ulama ugi ndawuhaken supados ngendek sedoyo mawon kegiatan lan penyebaran kegiatan Ahmadiyah.
"kangge nyegah kedadosan kekerasan lan njagi keamanan negari, majelis silahturrahmi kyai nyuwun dateng pemerintah mbubaraken Ahmadiyah .pangandikanipun , KH Fachurrozi, Ketua MSP3I Jatim ingkang ugi pengasuh Ponpes An Nur, Bululawang Malang, Jumat (11/2/2011).
Halaqah alim ulama di Ponpes Sidogiri, Kraton Kabupaten Pasuruan, kolo wingi, ugi nyuwun dateng pemerintah supados SKB TigoMenteri No 3 tahun 2008 dados Undang-undang pelarangan ajaran Ahmadiyah. dateng masyarakat, dipun imbau supados mboten gampil dipun provokasi kawontenan puniko terutami masalah sara.
Halaqah poro sesepuh Ponpes niki dipun dugeni 130 ulama lan kyai khos. antawisipun KH Abdullah Faqih (Langitan Tuban), KH Achmad Subadar (Pasuruan/Rais Syuriah PBNU), KH Nawawi Abdul Djalil (Sidogiri, Pasuruan), KH Miftahul Ahyar (Rais Syuriah PWNU Jatim), KH Abdussomad Bukhari (Ketua MUI Jatim), KH Pangadilan Daulay (MSP3I Jakarta), KH Fuad Nurhasan, KH Bachruddin Thayyib (Pasuruan), KH Fachri Abdullah Sachal (Bangkalan).
Serat rekomedasi poro alim ulama niku wau ajeng dipun kintun dumateng Presiden lan DPR/MPR. Poro ulama ugi gadah pangarep-arep supados pamarentah enggal kemawon mbubaraken jemaat ahmadiyah ingkng sampun nyesataken puniko.Ketua MUI Jatim, KH Abdussomad Bukhari ugi mratelaaken , intinipun masalah kolo wau inggih saking ajaran ahmadiyah ingkang sesat lan mboten dipun larang kalian pemerintah.
Majelis alim ulama ugi ndawuhaken supados ngendek sedoyo mawon kegiatan lan penyebaran kegiatan Ahmadiyah.
"kangge nyegah kedadosan kekerasan lan njagi keamanan negari, majelis silahturrahmi kyai nyuwun dateng pemerintah mbubaraken Ahmadiyah .pangandikanipun , KH Fachurrozi, Ketua MSP3I Jatim ingkang ugi pengasuh Ponpes An Nur, Bululawang Malang, Jumat (11/2/2011).
Halaqah alim ulama di Ponpes Sidogiri, Kraton Kabupaten Pasuruan, kolo wingi, ugi nyuwun dateng pemerintah supados SKB TigoMenteri No 3 tahun 2008 dados Undang-undang pelarangan ajaran Ahmadiyah. dateng masyarakat, dipun imbau supados mboten gampil dipun provokasi kawontenan puniko terutami masalah sara.
Halaqah poro sesepuh Ponpes niki dipun dugeni 130 ulama lan kyai khos. antawisipun KH Abdullah Faqih (Langitan Tuban), KH Achmad Subadar (Pasuruan/Rais Syuriah PBNU), KH Nawawi Abdul Djalil (Sidogiri, Pasuruan), KH Miftahul Ahyar (Rais Syuriah PWNU Jatim), KH Abdussomad Bukhari (Ketua MUI Jatim), KH Pangadilan Daulay (MSP3I Jakarta), KH Fuad Nurhasan, KH Bachruddin Thayyib (Pasuruan), KH Fachri Abdullah Sachal (Bangkalan).
Serat rekomedasi poro alim ulama niku wau ajeng dipun kintun dumateng Presiden lan DPR/MPR. Poro ulama ugi gadah pangarep-arep supados pamarentah enggal kemawon mbubaraken jemaat ahmadiyah ingkng sampun nyesataken puniko.Ketua MUI Jatim, KH Abdussomad Bukhari ugi mratelaaken , intinipun masalah kolo wau inggih saking ajaran ahmadiyah ingkang sesat lan mboten dipun larang kalian pemerintah.
Welasan Hektar Laladan Pasabinan Kembengan Toya
Kamis,
03 January 2013 | 20:10 WIB
Bantul, www.jogjatv.tv
- Jawah deres sedalu natas ing Kabupaten Bantul boten namung nuwuhaken bebaya
siti jugrug. Welasan hektar laladan pasabinan ing sungapaning lepen
opak wewengkon Kecamatan Kretek Bantul, pranyata ugi kembengan toya
jalaran bena. Wonten pandugi jalaran kembengan toya, laladan pasabinan
ing wewengkon aksebat badhe nehami gagal panen.
Makaten punika kawontenanipun laladan pasabinan ing
padukuhan baros, Kelurahan Tirtohargo, Kecamatan Kretek, Bantul ingkang celak
kaliyan sungapaning lepen opak. Jawah deres wiwit dinten Rebo sonten dumugi
dinten Kemis enjing dayani toya lepen opak bludag, satemah ngembengi
welasan hektar pasabinan ingkang dipun tanemi pantun punapadane
palawija kadosta terong, kacang prol lan gambas.
Sawenehing kadang tani ingkang sabinipun kembengan toya
jalaran bena ing lepen opak, jayadi, namung saged pasrah dhateng kawontenan.
Sinaosa sabinipun asring kablabak bena, ananging bena samangke kawawas ingkang
ageng piyambak jalaran lebetipun toya gayuh sadhengkul, lan boten tumuli
asat. Manawi ngantos benjing toya dereng asat, tartamtu badhe kathah
kadang tani nemahi gagal panen.
Pangajabipun kadang tani supados jawah deres sakalangkung
dangu boten dumados malih ing sakiwa tengening lepen opak lan toya, satemah
bena tumuli surut, lan kadang tani boten nandhang kapituanan ingkang
sakalangkung kathah.
Kiai se-Jawa Madura Nyuwun Pembubaran Ahmadiyah
PASURUAN - Halaqah
Majelis Silahturrahmi Pengasuh Pondok Pesantren Indonesia (MSP3I) se-Jawa lan
Madura nyuwun dateng pamarentah supados enggal mbubaraken Jemaat Ahmadiyah.
Majelis alim ulama ugi
ndawuhaken supados ngendek sedoyo mawon kegiatan lan penyebaran kegiatan
Ahmadiyah.
"kangge nyegah
kedadosan kekerasan lan njagi keamanan negari, majelis silahturrahmi kyai
nyuwun dateng pemerintah mbubaraken Ahmadiyah .pangandikanipun , KH Fachurrozi,
Ketua MSP3I Jatim ingkang ugi pengasuh Ponpes An Nur, Bululawang Malang, Jumat
(11/2/2011).
Halaqah alim ulama di
Ponpes Sidogiri, Kraton Kabupaten Pasuruan, kolo wingi, ugi nyuwun dateng
pemerintah supados SKB TigoMenteri No 3 tahun 2008 dados Undang-undang
pelarangan ajaran Ahmadiyah. dateng masyarakat, dipun imbau supados mboten
gampil dipun provokasi kawontenan puniko terutami masalah sara.
Halaqah poro sesepuh
Ponpes niki dipun dugeni 130 ulama lan kyai khos. antawisipun KH Abdullah Faqih
(Langitan Tuban), KH Achmad Subadar (Pasuruan/Rais Syuriah PBNU), KH Nawawi Abdul
Djalil (Sidogiri, Pasuruan), KH Miftahul Ahyar (Rais Syuriah PWNU Jatim), KH
Abdussomad Bukhari (Ketua MUI Jatim), KH Pangadilan Daulay (MSP3I Jakarta), KH
Fuad Nurhasan, KH Bachruddin Thayyib (Pasuruan), KH Fachri Abdullah Sachal
(Bangkalan).
Serat rekomedasi poro
alim ulama niku wau ajeng dipun kintun dumateng Presiden lan DPR/MPR. Poro
ulama ugi gadah pangarep-arep supados pamarentah enggal kemawon mbubaraken
jemaat ahmadiyah ingkng sampun nyesataken puniko.Ketua MUI Jatim, KH Abdussomad
Bukhari ugi mratelaaken , intinipun masalah kolo wau inggih saking ajaran
ahmadiyah ingkang sesat lan mboten dipun larang kalian pemerintah.
GAJAH-GAJAH PADHA NGAMUK
Desa cacah 9 ing wewengkon kabupaten Organ komering ulu (OKU) selatan, Sumatra
Selatan dilapurake diserang gerombolan gajah, Selasa (2/11). Gajah-gajah mau
ora mung ngrusak pategalan duweke warga wae nanging uga mlebu desa lan
mgobrak-ngabrik omahe pendhudhuk ing Desa Serupumpum, Sipin, Tanjung Sembilan,
Danau Kuning Lan Buai Pamanan
Miturut pejabat sementara Bupati OKU Selatan, Ruli Rawi, Gajah-gajah mau wis
wani nyerang manungsa lan nyebabke wong siji tiwas kepidak. Ruli ngaku pihake
sarwa salah anggone nangani perkara gajah kuwi,arep dibedhili wedi nerak aturan
amarga gajah kalebu kewan kang diayomi dening pemerintah. nanging yen ora
dipateni grombolan gajah kasebut wis mbebayani tumrap warga padesan. kang bisa
dilakoni dening rawi mung aweh pengumuman marang masyarakat supaya waspada
marang pangamuke gajah-gajah mau.
Rawi nduga pangamuke gajah gajah mau disebabake enteke pasedhiyan mangan lan ngombe merga alas alas kang sasuwene iki minangka habitate kewan kesebut wis rusak bosah baseh dening tumindake menungsa. miturut Dinas Kehutanan Simatra Selatan, saka total ambane alas 3,7 hektar, 60 % ing antarane jroning kahanan rusak amarga panembangan liar. kajaba kuwi alas produksi kang ambane 1,2 hektar saka total 2,4 hektar uga jroning kahanan gundhul
Ing taun 80-an uga tau kadedean ana grombolabne gajah kang nyerbu perkampungan warga. nanging nalika iku gajah mau bisa digiring menyang Taman Nasional Way Kambas Lampung kanthi nggunakake helicopter duweke kodam Sriwijaya. Miturut Rawi bisa wae cara kang kaya ngono dibaleni meneh, nanging mbutuhake ragad kang gedhe
Tigo kendaraan klebu ing nabrakanipun,
setunggal seda ing rumah gerah
Tigo
kendaraan klebu ing nabrakanipun ing dalan pantura pati – kudus km 6.
Kecelakaan sing kedadenan ing dalan lalu lintas seko desa sukkulon kecamatan
margerejo. Minggu esuk, 6 januari 2012, sekitar jam 9.
Kendaraan
sing klebu mobil toyota rush AB 1602 PH, truk gandeng B 9671 ER dan sepeda
montor honda vario
Ing
peristiwa, Musadat (46 tahun) lan Peni Siswanti (39 tahun), piyambak-piyambak
supir lan penumpang Toyota Rush warga Imogiri, Bantul Yogyakarta, lan
pengendara sepeda montor vario sing durung . ketilonipun dirawat ing KSH Pati.
Seiring
wektu Peni Siswanti akhirnya seda. Menurut
keterangan ing lokasi kedadenan, kedadenan awalnipun mobil Toyota Rush sing
lepas kendali setelah berhenti di pinggir jalan. Meski sempat menghindar, truk
gandeng sing mlaju dari arah berlawanan bertabrakan dengan toyota Rush.
Sepeda
montor vario ing mburi truk gandeng, gagal endo lan menabrak bagian kiwa truk.
Amargi tabrakan menika, margi dados macet.
KASUS BANK CENTURY
Wis rong sasi luwih, masarakat Indonesia padha
disuguhi tontonan sidhange para wakil rakyat ing DPR kang lagi nggunakake Hak
Angket, ngrembug kasus Bank Century. Cekake, ana sing sarujuk, anggone
pamarintah menehi dhuwit kang gunggunge 6,7 trilyun marang bank kasebut iku wis
bener, kanthi alesan kanggo nyamletake donyaning perbankan lan ekonomi ing
Indonesia. Nanging sebageyan anggota DPR ora sarujuk lan nganggep tumindake
pamarintah ngglontorake dhuwit kang nole cacahe rolas mau, nyalahi aturan.
Gandheng padha-padha kepengin rebut bener, lan
ora ana sing ngalah, akhire dianakake voting. Lire, sawise dianakake voting,
kubu anggota DPR sing nganggep Bank Century iku “bermasalah”, kang disengkuyung
dening Fraksi PDI-P, PKS, Golkar, Gerindra, Hanura, lan PPP, luwih unggul
katimbang kubu musuhe sing disengkuyung dening Fraksi Demokrat, PKB, lan PAN.
Mula DPR ing Sidang Paripurna njaluk supaya kasus Bank Century iku dirampungake
ing tataran hukum. Sawise pehak DPR gawe dudutan, genti pamarintah, lumantar
Presiden SBY menehi wangsulan. Dingandikakake SBY yen apa sing ditindakake
pamarintah kanggo ngrampungake masalahe Bank Century wis bener, mula ora arep
mecat pejabate sing nangani Bank Century biyen. Dene yen ana pehak-pehak liya
sing manfaatake kisruhe Bank Century, kalebu “manajemen intern bank” kudu
dirampungake lumantar hukum.
Sawise kedadeyan iku, apa ateges kasuse Bank
Century banjur rampung? Kirane tangeh lamun. Mesthi kasus iku terus lumaku.
Bisa uga tansaya rame. Sing cetha, ing babagan politik isih durung rampung.
Parte-parte sing rumangsa nyengkuyung pamarintah wis ora kompak maneh.
Saora-orane sing rumangsa partene ditlikung karo kancane dhewe mesthi wae ora trima,
saora-orane gela. Mula akibate sateruse bisa kasimak ing pawarta-pawarta
candhake. Apa pancen bener arep ana owah-owahan menteri ing kabinete SBY kaya
sing kaduga dening para “pengamat politik”? Bisa bener lan bisa uga suwalike.
Sing cetha, kanthi mencungule kasus Bank Century, gawe cingake masarakat. Lan
sing nggawe gumune masarakat iku rak mesthine bab rasa jujur lan bener. Apa
saiki iki isih ana panggedhe-panggedhe sing tumindak adhedhasar rasa jujur lan
bener sing sejati? Apa ya mung sing kaujarake iku lelamisan thok? Embuh! Sing
cetha sesuk sing nyathet mung sejarah.
MBLEDHOSE GUNUNG MERAPI TANSAYA NGGEGIRISI
Gunung Merapi kang dumunung ing tapel watesing
DIY lan Jawa Tengah sida mbledhos ing dina Selasa, tanggal 26 Oktober 2010 ing
antarane jam lima sore. Malah nganti tekan saiki, sawise rong minggu punjul,
gunung kang klebu aktif dhewe mbledhose ing tlatah Indonesia kasebut isih terus
mbledhos tanpa kendhat. Malah ana sing ngandhakake yen mbledhose gunung kasebut
luwih gedhe tinimbang ing taun 1870 kapungkur. Wis satus yuta meter kubik
luwih, lahar lan matrial liyane metu saka kawahe gunung Merapi. Lahar panas
kang awujud awu panas utawa wedhus gembel sumebar ing sakiwa tengene pereng
gunung Merapi. Tlatah-tlatah sacedhake Merapi, kayata Kabupaten Sleman (DIY),
Kabupaten Boyolali, Kabupaten Klaten, lan Kabupaten Magelang (Jawa Tengah)
padha mosak-masik keterak wedhus gembel. Saliyane iku, awu kang mabur kagawa
angin uga sumebar ing dhaerah-dhaerah liya, yen ngulon nganti tekan Bandung (Jawa
Barat), yen ngetan nganti tekan Sragen (Jawa Tengah), yen ngidul nganti tekan
Segara Kidul, yen ngalor nganti tekan Semarang.
Ora mung kuwi, sawise mbledhos rong minggu
kepungkur, lan nganti tekan saiki isih terus mbledhos, gunung Merapi uga gawe
cilakane lan rugine warga masarakat, raja kaya, lan raja brana. Nganti tekan
dina Slasa (9/11) ora kurang saka wong 145 cacahe tiwas keterak wedhus gembel.
Malah salah sijine korban kasebut yaiku Mbah Maridjan, Juru Kunci Gunung Merapi
saka abdi dalem Kraton Kasultanan Ngayogyakarta, rikala tanggal 26 Oktober 2010
kepungkur. Saliyane iku korban tatu abot lan entheng uga nganti atusan wong
kang dirumat ing pirang-pirang rumah sakit, salah sijine RSU Dr. Sardjito
Ngayogyakarta. Raja brana duweke para pendhudhuk ing patang kabupaten kasebut
uga melu kekubur dening wedhus gembel, wiwit saka mobil, motor, omah, sawah,
lan sapiturute. Semono uga raja kaya kang awujud sapi, kebo, wedhus, pitik,
bebek, kewan oceh-ocehan, lan sapiturute melu kepanggang urip-uripan dening wedhus
gembel. Atusan ewon pendhudhuk liyane saiki uga melu ngungsi kang adohe
saora-orane 20 kilometer saka pucuking gunung Merapi. Warga perenging Merapi
ing wektu saiki lagi padha nandhang kacintrakan kang abot banget. Kulawargane
ana sing tiwas, omah saisine remuk lan kobong, kewan ingon-ingone kepanggang,
lan isih kudu ngungsi kang durung ngerti nganti tekan kapan.
Mula ora mokal, pitulungan saka sadhengah papan
enggal mlumpuk kanggo tetulung marang warga korban mbledhose gunung Merapi. Ora
mung saka pamarentah thok, nanging uga saka warga masarakat liyane, instansi
swasta, karyawan pabrik, bocah sekolah padha enggal-enggal menehi pitulungan
kang awujud apa wae, wiwit saka tenaga, iguh pratikel, bandha donya (dhuwit
apadene barang), lan liya-liyane kanggo ngentheng-ngenthengake para korban. Ewa
semono, isih ana wong sing golek kalodhangan kanggo kepentingane dhewe, kayata
maling raja kaya kanthi alesan dislametake, nyolongi sembako banjur didol ing
penadhah, padha pasang umbul-umbul iklan prodhuk ing papan pangungsen, lan
sapiturute. Kang mangkono iku klebu tumindak nistha, amarga nalika wong liya
nandhang sedhih kok malah golek bathine dhewe. Mula wis wayahe padha cancut
taliwanda bebarengan padha tetulung marang korban Merapi kang durung ngerti
nganti tekan kapan rampunge, tinimbang padha udur ora ana gunane apa dene gawe
isu (kabar ngayawara), kang tundone gawe rugine para pangungsi, kang racake
rakyat cilik kang wis adoh saka kacukupan panguripane.
Umat
Hindu Nindakaken Upacara Melasti
Gunungkidul,Dungkap
Dinten Riyaya Nyepi, warsa enggal Saka 1935, tanggal 12 Maret benjing, atusan
Umat Hindu saking wewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun nindakaken
upacara Melasti, ing Pesisir Ngobaran, Gunungkidul. Ancasing upacara kangge
sesuci dhiri utawi buwana alit, lan buwana agung utawi jagat raya.
Upacara
Melasti kangge mahargya Dinten Riyaya Nyepi, tandha gumantosing warsa enggal
Saka 1935, dipun tindakaken ing Pura Segara Wukir, Pesisir Ngobaran, Saptosari,
Gunungkidul dinten Senen (25/2) siyang. Upacara Melasti dipun estreni dening
atusan Umat Hindu sawewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun, kalebet Umat
Hindu saking 15 pura ing Gunungkidul. Umat Hindu katingal tumemen nindakaken
upacara dipun pandegani dening Pendheta Puja Bratha Jati. Miturut Ketua
Persatuan Hindu Dharma Indonesia (PHDI) Gunungkidul, Purwanto, Upacara Melasti
mengku werdi sesuci dhiri lan jagat raya, kangge manunggalaken trihitakarana,
sarta minangka rerangkening upacara lan brata penyepian ingkang badhe dhateng.
Kajawi punika, Melasti ugi mengku ancas kangge sesuci asil pertanian, kanthi
nyawisaken sesaji utawi banten, pekuluh, tumpeng, sarta gunungan.
Upacara
Melasti, dipun pungkasi kanthi nglarung sesaji dhateng seganten, kangge mbucal
enem watak manungsa ingkang awon, kama utawi nafsu biologis, srakah, murka,
mada, utawi wuru, bingung sarta drengki lan srei.
Umat Hindu
Nindakaken Upacara Melasti
Gunungkidul,Dungkap Dinten Riyaya Nyepi, warsa enggal Saka 1935, tanggal 12 Maret benjing, atusan Umat Hindu saking wewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun nindakaken upacara Melasti, ing Pesisir Ngobaran, Gunungkidul. Ancasing upacara kangge sesuci dhiri utawi buwana alit, lan buwana agung utawi jagat raya.
Upacara Melasti kangge mahargya Dinten
Riyaya Nyepi, tandha gumantosing warsa enggal Saka 1935, dipun tindakaken ing
Pura Segara Wukir, Pesisir Ngobaran, Saptosari, Gunungkidul dinten Senen (25/2)
siyang. Upacara Melasti dipun estreni dening atusan Umat Hindu sawewengkon
Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun, kalebet Umat Hindu saking 15 pura ing
Gunungkidul. Umat Hindu katingal tumemen nindakaken upacara dipun pandegani
dening Pendheta Puja Bratha Jati. Miturut Ketua Persatuan Hindu Dharma
Indonesia (PHDI) Gunungkidul, Purwanto, Upacara Melasti mengku werdi sesuci
dhiri lan jagat raya, kangge manunggalaken trihitakarana, sarta minangka
rerangkening upacara lan brata penyepian ingkang badhe dhateng. Kajawi punika,
Melasti ugi mengku ancas kangge sesuci asil pertanian, kanthi nyawisaken sesaji
utawi banten, pekuluh, tumpeng, sarta gunungan.
Upacara Melasti, dipun pungkasi kanthi
nglarung sesaji dhateng seganten, kangge mbucal enem watak manungsa ingkang
awon, kama utawi nafsu biologis, srakah, murka, mada, utawi wuru, bingung sarta
drengki lan srei.
Perajin
Tenun Stagen Betah Bantuwan Pemkab
Klaten,
Kawontenan perajin tenun stagen lan selendang ing Dhusun Patoman, Kedungampel,
Cawas, Klaten, mrihatosaken, jalaran ngantos samangke kirang dipun gatosaken
dening pemerintah. Samangke nalika regi benang mindhak, para perajin namung
saged pasrah dhateng kawontenan.
Bab
punika ingkang dipun andharaken dening salah satunggaling perajin stagen lan
selendang ing Dhusun Patoman, Santo Miharjo. Santo Miharjo nelakaken kekirangan
pawitan, kamangka regi benang ugi awis. Sakawit regi benang Rp 5.000,00
samangke Rp 11.000,00 saben kilo. Kamangka regi stagen namung Rp 4.000,00
ngantos Rp 5.000,00. Benang sakilo saged kangge ndamel stagen cacah sekawan,
satemah bebathen para perajin mepet.
Nyumerepi
kawontenan kasebat, satunggaling sesepuh masyarakat dhusun, Tumirin rumaos
prihatin dhateng sesanggan gesang para perajin stagen lan selendang ing
wewengkonipun. Ngantos samangke, para perajin dereng nate pikantuk pembinaan
punapadene bantuwan pawitan saking dinas ingkang kawogan. Pangajabipun,
pemerintah sageda gatosaken para perajin, supados gesangipun saged murwad.
BANJIR BANDHANG
Ora kanyana babar blas, nalika pamarintah lagi repot ngadhepi pemilu legislatif 9 April 2009, ing tlatah Kabupaten Tangerang, Propinsi Banten ana kedadeyan banjir bandhang amarga dhadhale bendungan Situ Gintung. Dumadine ing dina Jemuwah tanggal 27 Maret 2009 ing wayah esuk, nalika wong-wong isih padha turu. Tembung situ iku saemper karo tembung wadhuk, kang sabanjure dibendung. Dene Gintung iku jeneng panggonan utawa desa. Wadhuk kang mapan ing desa Gintung iku banjur nemahi dhadal lan sabanjure ngelebi lan nerak omah-omah sing mapan ing sangisore bendungan. Wis bisa dipesthekake omah-omah dadi rusak bosah-baseh, ajur mumur kagawa banjir bandhang. Malah sing nemahi tiwas luwih saka 100 wong. Durung maneh sing padha ilang lan kelangan sedulur, kanca, omah, lan bandha liya-liyane.
Pawarta kang kaya mangkono mau mesthi wae enggal sumebar ing saindhenging donya, ora mung ing tlatah Indonesia thok. Akeh sing padha trenyuh sabanjure padha melu tetelung, menehi barang-barang awujud sandhang, pangan, tenaga, lan wujud liyane. Durung entek anggone melu prihatin ing kedadeyan kasebut, wis kasusul maneh musibah kang padha ing tlatah Kabupaten Tanah Datar, Sumatera Barat. Ing kana uga ana kedadeyan banjir bandhang lan lemah longsor. Penere ing dina Senen, tanggal 30 Maret 2009 kurang luwih jam setengah wolu esuk. Atusan omah rusak lan akeh bandhane warga sing katut kagawa banjir bandhang. Malah dikabarake uga ana sebageyan warga sing nemahi tiwas.
Musibah terus dumadi gonta-ganti saka papan siji lan sijine. Kaya-kayane ora ana entek-enteke. Apa pancen alame wis rusak tenan amarga dirusak dhewe dening manungsane? Yen pancen bener kang kaya mangkono, kudune manungsa kudu enggal eling marang tumindake, sing kerep-kerepe seneng nggawe rusak lan mung ngoyak senenge dhewe kanthi golek dhuwit saakeh-akehe. Bandha akeh mung cepet ilang nalika kena musibah.
BANJIR LAN LARANG PANGAN
Pirang-pirang
dina iki, ing ngendi-endi papan keprungu pawarta banjir, ora mung kutha-kutha
ing pulo Jawa, kayata Yogyakarta, Solo, Bandung, Jakarta, Surabaya, lan
Semarang, nanging uga ing pulo-pulo liyane kaya dene kedadeyan banjir ing
Kalimantan, Sumatra, Sulawesi, lan Papua. Kedadeyan mau kaya-kaya bareng. Bab
kang kaya mangkono iku bisa dumadi, amarga ora mung sebab alase sing wis
gundhul, nanging sejatine luwih akeh disebabake cuaca ekstrim. Cuaca ekstrim
bisa dumadi saka pengaruhe “pemanasan global” kang dumadi sa-donya. Malah
kedadeyan udan salju nggegirisi uga dumadi ing tlatah Benua Eropa, kang
ndadekake akeh penerbangan batal. Semono uga Benua Australia sing sejatine
mangsa ketiga, uga kena udan salju sing nggegilani.
Akeh udan uga
bisa nyebabake tetanduran padha gagal panen. Saliyane kembange ora dadi woh,
sebageyan tetanduran kayata pari uga keterak banjir, saengga panene gagal.
Tetanduran sing akeh gagal panen kayata rambutan, duren, apa dene lombok.
Malah, nganti pawarta iki katulis, rega lombok tansaya ndedel ora karu-karuwan.
Sekilone –yen wingi isih kawartakake mung tekan 60 ewu rupiyah—saiki nganti
punjul saka satus ewu sekilone, kanggo lombok jemprit abang. Dene lombok abang
gedhe nganti sewidak ewu sekilone. Kamangka lombok mono klebu bumbu dhapur sing
kudu ana kanggo mangsak. Yen nganti lombok regane larange ora mekakat, ateges
nambahi sengsarane wong cilik anggone arep nyukupi kebutuhan pangane.
Durung maneh rega
beras kang isih ndedel tansaya mundhak, nambahi masarakat cilik padha ora bisa
tuku beras. Kamangka negara Indonesia kondhang kanthi jejuluk “gemah ripah loh
jinawi, tata titi tentrem kerta raharja, kang sarwa tinandur bakal thukul”.