BAB
I
PAMBUKA
A. Wigatosing
Rembag
Adat tradisi jawa samenika sampun
kalestarekaken dhateng masyarakat, salah satunggaling inggih menika upacara
adat mantu. Para tiyang sepuh ingkang nggadhahi putra-putri kang sampun siap
ameh-amehan kedah mangertosi lan migunakake rerakaning cak-cakaning tatacara
adat ingkang sampun kasusun dening budaya.
Mila saking menika, ing makalah
punika kita badhe jlentrehaken menapa kemawon ingkang kedhah dimangertosi
wonten ing upacara adat mantu punika.
B. Kakajen
Ingkang Dipun Rembag
1.
Punapa
tegesipun upacara adat mantu punika?
2.
Punapa
kemawon rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu?
3.
Punapa
kemawon cak-cakaning tata cara wonten ing adat mantu menika?
C. Manfaat
Panulisan
1.
Mangertosi
tegesipun upacara adat mantu
2.
Mangertosi
rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu.
3.
Mangertosi
cak-cakaning tatacara wonten ing adat mantu.
BAB
II
WOSING
PIREMBAGAN
A. Upacara Adat Mantu
Mantu dipuntegesi kagungan damel
ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang sampun diwasa. Dipunarani
ngemah-emahaken amargi nyawijekaken putrinipun (prawan) kaliyan jejaka,
lajeng manggen wonten ing satunggaling panggenan/tunggal griya lan gesang
sesarengan ing madyaning bebrayan. Manunggaling prawan lan jejaka wonten
ing bebrayan saged mawohaken kabagyan, kamulyan lan putra ingkang
bakal nerusaken keturunanipun.
Miturut tata cara adat jawa,
saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata cara, inggih
menika :
Lamaran
Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan ing dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni kulawarga lan sanak sedherek.
Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan ing dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni kulawarga lan sanak sedherek.
Paningset
lan lambang kalpika (tukar cincin)
Menawi lamaran sampun dipuntampi, lajeng calon besan
nemtokaken wekdal kangge tata upacara paningsetan kanthi lambang kalpika,
limrahipun ugi dipunkantheni piranti sanesipun kados dene arta, ageman,
mas-masan, jajanan (jadah, wajik, jenang, roti), woh-wohan, urip-urip
(ayam, bebek, banyak, lsp). Sedaya wau minangka lambang lan wujud tanggel
jawab ingkang bakal dipuntindakaken calon penganten kakung dhumateng calon
garwane lan kulawarganipun, kedah nyekapi sandhang pangan lan ubarampe
kangge penguripanipun. Sasampunipun tata upacara lamaran lajeng
dipuntindakaken tata cara upacara mantu.
Srah-srahan
Inggih punika nyaosaken saprangkat
jangkepan sarana kangge nglancaraken kaleksananipun kajat ngantos dumugi purna.
Pasang tarub
Tarub kerata basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi badhe nampi tamu limrahipun nata panggenan supados katinggal becik, dipunparingi rerenggan supados endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning (janur = sejane nur / cahya).
Tarub kerata basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi badhe nampi tamu limrahipun nata panggenan supados katinggal becik, dipunparingi rerenggan supados endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning (janur = sejane nur / cahya).
Buwangan
Ingkang dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta lan pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten alangan.
Ingkang dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta lan pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten alangan.
Kembar Mayang
Saking tembung kembar tegesipun sami, kaliyan mayang tegesipun sekar
jambe utawi Kalpataru Dewandaru, lambang karemenan lan sugeng. Wondene
kawiwahan sampun cekap, kembar mayang dilabuh wonten ing prapatan mergi, samudra, lan
sapanunggalanipun kagem maksud supados pengantin ugi eling kaliyan asal-usul
gesangipun inggih punika saking Bapak kaliyan Ibu dumados perantaranipun Gusti Pangeran Ingkang Maha
Kuwaos. Barang-barang kagem kembar mayang inggih punika:
a. Wit
gedhang 2-3, kangge paesan. Kados
biasanipun dipun paringi slemek
saking tabung
ingkang kadamel saking kuningan.
b. Empring aur
kangge penusuk (sujen)
c. Janur
kuning, ± 4 lir
d. Gegodhongan:
godhong kemuning, ringin, sarta rencek-rencekipun, godhong apa-apa, godhong
girang kaliyan godhong andhong.
e. Nanas 2, pilih ingkang
sampun mateng kaliyan sami agengipun.
f. Sekar melati
kaliyan mawar merah pethak.
g. Degan 2 dipun oncek
kulitipun lan toyanipun sampun ngantos wutah. Ngandhapipun kadamel rata supados
mbok bilih diselehaken mboten ngglindhing kaliyan toyanipun wutah.
Pasang tuwuhan
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub, wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang, ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning kulawarga.
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub, wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang, ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning kulawarga.
Siraman
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah), maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing penganten.
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah), maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing penganten.
Ubarampe
ingkang kedah disiapaken awujudipun toya sekar setaman, inggih punika toya
ingkang kapendhet saking 7 sumber toya mata air ingkang disukani sekar setaman
inggih menika mawar, melati kaliyan kenanga.
Ingkang gadhahi tahap punika :
§ Calon pengantin
nyuwun donga pangestunipun kaliyan kekalih tiyang sepuh.
§ Calon
mantunipun lenggah ing tikar pandan papan siraman.
§ Calon penganten disiram
kaliyan pini sepuhipun, tiyang sepuhipun, lsp.
§ Disiram ngangge
toya kendhi kaliyan bapak ibunipun kaliyan dicuraken ing rai, sirah lan
awakipun calon penganten. Menawi toya
kendhinipun telas, kendhinipun lajeng dipecah kaluyan ngunjukake “niat ingsun ora
mecah kendhi, nanging mecah pamore anakku wadon”.
Adol dhawet
Upacara menika kalaksanakaken saksampunipun siraman. Penyadenipun inggih
punika ibu calon penganten putri ingkang dipunpayungi kaliyan bapakipun. Ingkang mundhut
inggih punika para tamu kanthi arta pecahan kreweng . Upacara punika
ngandhut pangajab supados mangke wektu upacara panggih lan walimahan, kathah tamu lan
rezeki ingkang dhateng.
Midodareni
Midodareni inggih menika ndalu sakderengipun akad nikah,
inggih menika ndalu nguwalaken masa lajang kagem kekalih calon penganten.
Adicara punika
kalaksanakaken wonten ing griyanipun calon penganten putri. Saklebetipun
adicara punika wonten adicara nyantrik kangge mestekaken calon penganten kakung
saged rawuh wonten ing akad nikah lan kangge bukti bilih kaluwarga calon penganten putri sampun
siap nglaksanakaken upacara wonten ing
dinten saklajengipun.
Midodareni saking tembung
widodareni saklajengipun dados
midodareni ingkang tegesipun ndamel kahananipun calon penganten putri kados
dene widodari. Wonten ing donya
pewayangan kaayunipun lan kabagusanipun calon penganten kaibarataken kayadene
Dewi Kumaratih lan Dewa Kumajaya.
Ijab qobul
Kadadosan
penting wonten hajatan mantu inggih punika ijab qobul. Kekalih calon
penganten ngucapaken sumpah wonten ing
ngajengipun naib ingkang dipunsaksekaken wali, pinisepuh lan
tiyang sepuh kekalih kaliyan para tamu undangan. Wektu akad nikah, ibu saking kekalih, mboten ngagem subang utawi giwang supados wujudaken
keprihatinan kadadosan nikahaken utawi ngentasaken putra.
Upacara panggih
Wondene
reroncening adicara upacara panggih inggih punika;
a. Liron kembang
mayang
Kekalih calon
penganten tukar kembang mayang, gadahi teges manunggalaken cipta,rasa, lan karsa kangge
sareng-sareng mujudaken kabahgyan kaliyan kawilujengan.
b. Gantal
godhong suruh dipungulung alit
dipuntaleni bolah putih ingkang dipununcalaken kaliyan piyambak-piyambak
penganten,
kanthi pangajab
mugi sadaya godha
bakal musna keno uncalan punika.
c. Ngidak endhog
Penganten kakung
ngidak endhog pitik ngantos pecah kagem simbol seksual kekalih penganten sampun
pecah pamoripun.
d. Sukunipun
temanten kakung dipun wijiki dening temanten putri
Wijik ginakaken toya sekar setaman
gadhahi amakna supados winih ingkang dipun kasilaken resik saking tindakipun
ingkang reged.
e. Ngunjuk toya
degan
Toya menika dipun anggep kangge lambang
toya gesang, toya ingkang suci lan toya nai (manikem)
f. Dipun kepyok
ginakaken sekar warna warni
Ngandhut angen-angen supados
keluwarga ingkang dipun bina saged raos suka lair lan batinipun.
g. Mlebet ing pasangan
Maknanipun pinanganten ingkang sampun
dados pasangan gesangipun kedah siap makarya nindakake kuwajibanipun.
h. Sindur
Sindur utawi isin mundur, tegesipun
boten cepet gela ngadepi tantangan
pagesangan.
i. Timbangan
Bapa saking temanten putri lenggah
wonten ing antaranipun pasangan temanten kakung, suku ingkang kiwa dipun
lenggahi temanten putri. Isinipun
pacelaton singkat antarane bapa lan ibu temanten putri inggih punika temanten sampun imbang.
j. Kacar-kucur
Temanten kakung ngucuraken asilipun dhumateng temanten
putri ingkang awujud
arta receh lan kelengkapanipun. Ngandhut artos temanten badhe tanggung jawab
nyaosi nafkah dhateng keluwarganipun.
k. Dulangan
Temanten kakung lan temanten putri pada dedulangan .
wonten maknanipun tutur adilinuwih
dipun lambanganken ngangge sanga tumpeng.
Sungkeman
Sungkeman
ungkapan bektos dhumateng tiyang sepuh, lan nyuwun donga pangestu. Caranipun
jongkok, nyepeng dengkulipun tiyang sepuh temanten putri, dipun wiwiti
saking temanten putri dipun dherekaken temanten kakung, lajeng
dhumateng tiyang sepuhipun temanten kakung.
Boyongan
Inggih menika pihak keluwarga
temanten kakung mboyong temanten putri dhateng dalemipun temanten kakung
saksampunipun pahargyan pawiwahan, biasanipun saksampunipun sapeken (5 dinten).
B. Tata Cara Adat Mantu
1.
Pambyawara Murwakanthi Lampahing Tatacara
2.
Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan
pandhodhoging kori
3.
Micara dhodhog kori
4.
Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan
pandhodhoging kori saking pihak
5.
Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging Kori
6.
Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pasrah
lamaran saking pihak calon penganten kakung.
7.
Micara Atur Pasrah Lamaran
8.
Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur panampi
lamaran saking pihak calon panganten putri
9.
Micara Nampi Pasrah Lamaran
10.
Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur
masrahaken calon panganten kakung.
11.
Micara Masrahaken Panganten Kakung
12.
Pranatacara paring wekdal ingkang atur nampi pasrah
saking calon panganten kakung.
13.
Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
14.
Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pambageharja
15.
Micara Panbageharja
16.
Pranatacara paring wekdal siswa ingkang badhe atur
ular-ular utawi wursita wara
17.
Micara Atur Wursitawara
18.
Panatacara mungkasin adicara gladhen
BAB
III
PANUTUP
A. Dudutan
1.
Mantu
inggih menika kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang
sampun diwasa.
2.
Rerangkening
tatacara adat jawa saderengipun mantu inggih menika:
§ Lamaran
§ Paningset / lambang kaplika / tukar
cincin
3.
Cak-cakaning
tatacara wonten ing adat mantu, inggih menika :
§ Pambyawara Murwakanthi Lampahing Tatacara
§ Pranatacara paring wekdal ingkang
badhe wangsulan pandhodhoging kori
§ Micara dhodhog kori
§ Pranatacara paring wekdal ingkang
badhe wangsulan pandhodhoging kori saking pihak estri
§ Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging
Kori
§ Pranatacara paring wekdal ingkang
badhe atur pasrah lamaran saking pihak calon penganten kakung.
§ Micara Atur Pasrah Lamaran
§ Pranatacara paring wekdal ingkang
badhe atur panampi lamaran saking pihak calon panganten putri
§ Micara Nampi Pasrah Lamaran
§ Pranatacara paring wekdal ingkang
badhe atur masrahaken calon panganten kakung.
§ Micara Masrahaken Panganten Kakung
§ Pranatacara paring wekdal ingkang
atur nampi pasrah saking calon panganten kakung.
§ Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
§ Pranatacara paring wekdal ingkang
badhe atur pambageharja
§ Micara Panbageharja
§ Pranatacara paring wekdal siswa
ingkang badhe atur ular-ular utawi wursita wara
§ Micara Atur Wursitawara
§ Panatacara mungkasin adicara gladhen
B. Piweling
Kangge generasi mudha supados saged
mangerteni lan nglestarekaken adat tradisi jawa, utamanipun adat upacara
tatacara mantu ing masyarakat. Samenika nggadhahi manfaat sanget kagem para
tiyang sepuh ingkang badhe gadhah damel kangge putra-putrinipun.
Matur nuwun sanget uwis bagikke makalah mriki, mugi - mugi sampeyan diberkahi Allah nek Islam atau beruntung nek mboten.
BalasHapusMatursuwun
BalasHapus